Soal Bahasa Jawa Kelas 4
Laire
Gathutkaca
Raden
Werkudara nduweni panguwasa ana ing Jodhipati. Putrane Raden Werkudara sing
lair saka Dewi Arimbi awujud raseksa, jenenge Raden Tetuka. Raden Tetuka nganti
telung taun lawase isih mbopong ari-arine. Amarga ari-arine ora bisa dipedhot
nganggo piranti apa wae. Wilah, gegaman, lan pusaka uga ora tedhas. Wusana
ari-arine bisa kapedhot nganggo warangkane pusaka Kuntowijayadanu.
Nalika
ing kayangan Suralaya geger amarga ana raseksa ngamuk, Raden Tetuka maju
perang. Sanajan isih cilik nanging bisa menang. Para dewa bungah banget. Raden
Tetuka digodhog ana ing kawah Candradimuka banjur malih dadi satriya kang bagus
lan sekti mandraguna. Jenenge Raden Tetuka diganti Raden Gathutkaca.
Kapethik saka buku “Remen Basa Jawi Kelas 4
SD”
1.
Apa wujude
bayi kang lair saka Dewi Arimbi?
a. buta c. dewa
b. raseksa d. pusaka
2.
Sapa jenenge Gathutkaca nalika isih
cilik?
a. Raden
Permadi c.
Raden Arjuna
b. Raden
Janaka d.
Raden Tetuka
3.
Kapan Raden Tetuka malih dadi satriya
kang bagus lan sekti?
a. nalika
melu perang c.
nalika dipedhot ari-arine
b. nalika
dadi raseksa d.
nalika digodhog ing kawah
4.
Pirang taun lawase Raden Tetuka mbopong
ari-arine?
a. setaun c.
telung taun
b. rong
taun d.
patang taun
5.
Ana ngendi Raden Tetuka maju perang
mungsuh raseksa?
a. KawahCandradimuka c. negara Jodhipati
b. KayanganSuralaya d. negara Ngamarta
Semangat
ReplyDelete